Kapten Jlitheng
Sing tak tulis iki kedadéyan nyata watara taun suwidakan ing sawijining kutha cilik ing Jawa wétan.
Nalika iku aku isih cilik, isih sekolah.
Aku sering dolan ing wismamu.
Wong kiwa tengen ngundang penjenengan mbah Kromo.
Mung kuwi sing tak weruhi.
Ragamu sing kuru aking , uripmu sarwa prasaja, senajan gubug réyot nanging resik gemrining , nétramu tajem, rinengga alis kandel tur ketel, rawis sing njlirit, aku percaya nalika muda mesthi bagus, mung éman ora kagungan putra .
Saben aku sowan , penjenengan crita dongèng wiwit, dongèng kuna nganti crita perjuangan .
kaya ora ana entèké.
Batinku pitakon ?
Nèk nyawang kahananmu sing sarwa prasaja...?
Éwa déné kaya nyolong pethèk.
Presasat kaya wong pendidikan luhur.
Sing anèh manèh saben upacara hari pèngetan nasional senajan saka kadohan mesthi rawuh nyawang saka adoh.
Praupanmu semringah , èsemmu katon yèn penjenengan gembira atimu.
Apa manèh yèn mrisani kemlèbèté sang dwiwarna katon mongkog penggalihmu.
Bubar upacara bendhéra terus mulih sepedha tuwa mbok tuntun urut pinggir dalan mecaki dalan nganti tekan wismamu.
Klambi Sing mbok agem kaya ora tau ganti ya mung kuwi- kuwi waé, clana komboran ireng sabuk othok nganggo slepi, klambi model potong gulon ireng iket warna gadhung mlathi caping amba.
Nganti ing sawijining dina pèngetan 17 Agustus taun pira aku lali.
Aku mbolos ora mèlu upacara.
Aku ketemu penjenengan ngadeg jejeg sangisoré wit ringin papan cedak kanggo upacara.
Nalika aku liwat mbok undang
: "Gus kok ra mèlu upacara "?
:" mboten mbah lagi males ".
Sakala tanganku mbok gèrèt, mbok cengkerem kenceng nganti aku kelaran.
:" Kowé kari mèlu upacara waé wegah apa manèh mèlu berjuang ?
Deloken mripatmu neng Makam Pahlawan kaé !
Kaé totohan nyawa tanpa dibayar korban kanggo bangsa iki dhèwèké ora njaluk opah.
Tujuane mung siji kepéngin Indonesia Merdeka.
O alah gus , aku ndongèngi , nyritani kowé , wiwit ndisik karepku , karebèn thukul jiwa satriyamu , la kok jebul mung kaya ngono...?
Mripaté mencereng katon yèn ngampet nesu.
Aku ora suwala, terus ngadeg jejeg ing cedhaké.
Sauntara iku , upacara wis diwiwiti .
Nalika lagu Indonesia raya ngumandhang lan sang merah putih kumlèbèt munggah tak lirik capingé di bukak terus hormat bendhéra satatané militer.
Aku tiru ing cedhaké.
Pitakonku tansaya muleg ana atiku , panjenengané iki sapa ?
Nalika upacara rampung dhèwèké ora ngalih.
Isih ngadeg ing papan kono.
Ora let suwé ana sawjining perwira militer liwat kono, mbah kromo ngundang perwira kuwi.
:" mas jono ...
Perwira mau nolèh ganti takon
:" Sampéyan sapa ?
Mbah kromo mbukak capingé :
:" Sampéyan pangling kalih kula .. ?
Perwira mau kagèt.
: " Lho kaptèn , kaptèn jlitheng ..?
Perwira mau kurmat cara militer.
: "siap kapten.
Terus nyalami ngambung astané mbah kromo terus ngrangkul, tembungé pedhot-pedhot karo nangis.
:" Kapten panjenengan kula padosi wonten pundi- pundi mboten kepanggih."
Perwira mau katon olehé kurmat lan ngajèni marang mbah kromo.
Mbah kromo mangsuli
: " aku ora nèng ngendi- endi mas jono. Saiki awakmu wis kepénak pangkatmu wis kolonel.
Ora suwé mbah Kromo ngendika. ...
:" Wis gus ayo mulih".,
karo njawil aku.
Aku mung tolah- tolèh katon goblogku karo nurut diboncèngaké sepedha réyot.
Sawisé tekan ngomah, ora watara suwé ana mobil militer mandheg ing omahé mbah kromo.
Kabèh mudhun mlebu omah réyot kuwi.
Kabèh katon ngajèni karo mbah kromo.
Saiki aku lagi ngerti yèn mbah Kromo kuwi jebul sesingloné kapten Jlitheng kromo widagdo, komandan pasukan gerilya , resimèn siluman sing dhèk jaman perang kemerdhékaan paling diwedèni prajurit landa wektu iku.
Yèn bengi kulina njebol bètèng ngorat-ngarit markasé landa.
Sakala wong désa kono pada gumun ora ngira mbah kromo sing mlarat, sing kaya wong bodho kuwi tilas prajurit peng-pengan.
Olèh sawetara wulan saka kedadéyan kuwi mbah Kromo séda ndadak tanpa gerah, wektu séda isih nggegem merah putih lan ing sacedhaké ana piagam lan bintang cilik ana tulisané 𝙋𝙖𝙝𝙡𝙖𝙬𝙖𝙣 𝙂𝙚𝙧𝙞𝙡𝙮𝙖.
Sakala wong désa kono gègèr.
Kanthi cepet pawarta iku sumebar warata sak kutha.
Ora suwé pasukan militer pada teka nyiapake alat kanggo upacara penghormatan militer.
Karangan bunga pada teka kanthi ucapan
: " Ikut berduka cita atas meninggalnya 𝙆𝙖𝙥𝙩è𝙣 𝙅𝙡𝙞𝙩𝙝𝙚𝙣𝙜 𝙆𝙧𝙤𝙢𝙤 𝙒𝙞𝙙𝙖𝙜𝙙𝙤.
Aku nangis rumangsa kélangan.
Sawisé disucèni lan disholati terus diwadhahi pethi dilurupi gendera merah putih.
Dijaga tentara kiwa tengen.
Upacara penghormatan diwiwiti pethi jenasah digawa metu ngliwati pasukan Salvo, kanthi komandhan upacara kolonel Sujono.
Ora sranta wektu iku aku mencolot saka papanku ngadeg hormat sangarepé pethi jenasah .
Aku dicedhaki kolonel sujono terus ngendika
: " wis gus tugasé Kaptèn wis rampung , panjenengané séda dadi kusumaning bangsa.
Kowé lan aku wajib nerusaké perjuangané sing sepi ing pamrih ramé ing gawé.
Aku diajak minggir upacara diwiwiti kanthi tembakan salvo.
Atiku mongkog .
Ya iki prajurit sejati sing pantes tinulad .
Panjenengané disare'ake ing Taman Makam Pahlawan.
𝙎𝙪𝙜𝙚𝙣𝙜 𝙩𝙞𝙣𝙙𝙖𝙠 𝙆𝙖𝙥𝙩è𝙣
𝙎𝙪𝙜𝙚𝙣𝙜 𝙩𝙞𝙣𝙙𝙖𝙠 𝙋𝙖𝙝𝙡𝙖𝙬𝙖𝙣
𝙎𝙪𝙜𝙚𝙣𝙜 𝙩𝙞𝙣𝙙𝙖𝙠 𝙠𝙪𝙨𝙪𝙢𝙖 𝙗𝙖𝙣𝙜𝙨𝙖.
𝙆𝙪𝙩𝙚𝙧𝙪𝙨𝙠𝙖𝙣 𝙥𝙚𝙧𝙟𝙪𝙖𝙣𝙜𝙖𝙣𝙢𝙪
𝙎𝙚𝙠𝙖𝙡𝙞 𝙈𝙚𝙧𝙙𝙚𝙠𝙖 𝙩𝙚𝙩𝙖𝙥 𝙈𝙚𝙧𝙙𝙚𝙠𝙖
𝘽𝙚𝙧𝙠𝙞𝙗𝙖𝙧 𝙩𝙚𝙧𝙪𝙨 𝙨𝙖𝙣𝙜 𝙎𝙖𝙠𝙖
𝙏𝙚𝙧𝙪𝙨 𝙈𝙚𝙧𝙙𝙚𝙠𝙖 𝘼𝙣𝙟𝙖𝙮è𝙣𝙜 𝘽𝙖𝙬𝙖𝙣𝙖 𝙄𝙣𝙙𝙤𝙣𝙚𝙨𝙞𝙖𝙠𝙪
(18/11/2016/11.12)
# Didiek Utoyo
Cah Nganjuk.